Minggu, 16 Februari 2014

MC jawa



PRANOTO ADICORO

السلام عليكم و رحمة الله و بركاته
بسم الله الرحمن الرحيم. الحمد لله رب العالمين. وبه نستعين على امور الدنيا والدين. والصلاة والسلام علي سيد المرسلين. وعلى اله وصحبه اجمعين. اما بعد
Ø  Ingkang kawulo hormati poro sepuh pinisepuh, poro alim ulama’ wabil khusus dumateng panjenenganipun romo K.H. Amin Murtafi’an, S. Ag saking kudus, ingkang kito tenggo-tenggo mauidhoh hasanahipun.
Ø  Ingkang kawulo hormati poro pejabat pemerintah sahe sipil menopo TNI, ingkang kerso rawuh wonten meniko majlis.
Ø  Bapak camat ugi Bapak Bupati soho penderek-penderek ipun ingkang kawulo hormati ugi.
Ø  Mboten kesupen dumateng poro rawoh ingkang kinormatan.

Sak derengipun kito lumebet dumateng acoro pengaosan wonten dalu puniko, langkung rumiyen monggo kito tansah muji dalah syukur wonten ngersanipun Allah SWT kanthi waosan Alhamdulillahirobbil ‘alamin, awit kito sedoyo taksih dipun paring lumeberipun rahmat, taufiq ugi hidayahipun Allah SWT, sehinggo saget makempal wonten acoro pengaosan ing wekdal dalu puniko, mugi mugi pakempalan meniko kaserat dateng Allah SWT minongko amal kesaenan, Amieen.
Kaping kalehipun shalawat saha salam mugi tansah katur kunjuk dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW, mugi mugi kito sedoyo angsal syafa’atipun benjang wonten dinten qiyamat, ugi dipun akeni ummatipun. Amien.

Poro Rawoh ingkang minulyo
Sak lajengipun, kawulo minangka Pranotho Adicoro kirang prayogi menawi ngatah-ngatahaken atur, pramilo kaparenga kula badhe ngaturaken menggah urut reroncening adicoro pengaosan wonten dalu puniko, ing titi wanci punika ingkang sampun rinacik saha rinantam kirang langkung mekaten :.
1.      Adicoro ingkang sepindah inggih puniko Pambuko
2.      Adicoro kaping kaleh inggih puniko waosan Ayat-ayat Suci Al Qur’an
3.      Adicoro kaping tigo inggih puniko Tahlil
4.      Adicoro kaping sekawan inggih puniko Sambutan-sambutan
5.      Adicoro ingkang kaping gangsal inggih puniko Istirahat
6.      Adicoro kaping enem inggih puniko Mauidhoh hasanah saha Doa
7.      Adicoro ingkang pamungkas inggih puniko Penutup.
Poro rawoh ingkang minulyo monggo kito wiwiti acoro pengaosan meniko kanti waosan ummul kitab  kanthi sesarengan,
على النية الصالحة الفاتحة
mugi mugi kanthi waosan ummul kitab meniko, andadosaken pengaosan meniko rancag winantu barakahipun Allah SWT, ugi lancar mboten wonten alangan setunggal-setunggalipun wiwit awal dumugi akhiripun acoro. Amien Allohumma Amien
Adicoro ingkang kaping kaleh inggih puniko waosan Ayat-Ayat Suci Al Qur’an ingkang badhe dipun waosaken dumateng panjenenganipun Ustadz H. Muammar. Dumateng panjenenganipun Ustadz H. Muammar wekdal saha panggenan kulo aturaken.
Matur nuwun dumateng Ustadz H. Muammar, mugi-mugi amal kesaenan panjenengan pikantuk ganjaran ingkang murwat saking ngarso dalem Allah SWT. Kawula panjenengan ingkang midhangetaken ugi pikantuk rahmat saking ngarso dalem Allah SWT. Ugi andadosaken sebab tambahing iman lan taqwo kito sedoyo. Amin amin Allohumma amien.
Poro rawoh ingkang kinurmatan, kito lumebhet dumatheng tataran adicoro ingkang ongko tigo  inggih puniko Tahlil, ingkang badhe dipun pimpin dumateng bapak K.H. Abdul Rohim, Dumateng panjenenganipun wekdal soho panggenan kulo sumangga’aken.
Matur suwon dumateng panjenenganipun bapak K.H. Abdul Rohim, mugi-mugi waosan tahlil kito dipun tampi Allah SWT, lan dadosaken sebab tambahing kebagusan dumateng kito sedoyo, khususipun dumateng arwah-arwah ingkang sampon dipun sebat.
Kito lajengaken adicoro ingkang ongko sekawan inggih puniko Sambutan-sambutan.
Ø  Sambutan ingkang sepindah badhe dipun aturaken dumateng Bapak Mujianto, dumateng Bapak Mujianto wekdal soho panggenan kulo sumangga’aken.
Matur nuwun dumateng Bapak Mujianto ingkang kerso maringi sambutan amawili panitia.
Ø  Sambutan ingkang kaping kaleh inggih puniko sambutan saking Bapak Bupati Pati ingkang badhe dipun aturaken dumateng Bapak Haryanto, dumateng panjenenganipun wekdal soho panggenan kawulo aturaken.
Matur nuwun dumateng Bapak Haryanto  ingkang kerso maringi sambutan, mugi-mugi sambutanipun bapak Bupati ngedalaken semangat dumateng kito sedoyo.
Ø  Sambutan ingkang kaping tigo inggih puniko sambutan saking ta’mir masjid Al Muhajirin ingkang badhe dipun aturaken dumateng Bapak K.H. Ahmad Fauzi, S. Ag. dumateng panjenenganipun wekdal soho panggenan kawulo aturaken.
Matur nuwun dumateng Bapak K.H. Ahmad Fauzi, S. Ag ingkang kerso maringi ular-ular dumateng kito sedoyo, mugi-mugi kito saget ngelampahi nopo ingkang dados dawuhipun Allah SWT.

Kito lajengaken Adicoro ingkang ongko gangsal inggih puniko Istirahat. Dumateng panitia kulo suwon ngaturi pasogatan dumateng poro rawuh.
Kulo kinten wekdal istirahat sampun cekap, monggo kito lajengaken Adicoro ingkang kaping enem, ingkang dipun tenggo-tenggo kito sedoyo, inggih puniko Mauidhoh Hasanah saha Do’a ingkang badhe dipun wedharaken dumateng panjenenganipun Romo K.H. Amin Murtafi’an S, Ag. Dumateng panjenenganipun wekdal soho panggenan kawulo sumangga’aken.
Mekaten poro rawoh mauidhoh hasanah ingkang sampon dipun aturaken romo K.H. Amin Murtafi’an, S. Ag, mugi-mugi saget nambahi pangertosan dumateng kito sedoyo babagan agami, ugi kito sedoyo saget ngamalaken nopo ingkang sampun didawohaken. Amien Allohumma Amien. Dumateng romo K.H. Amin Murtafi’an, S. Ag kawulo aturaken agunging panuwon.
Kito lajengaken adicoro ingkang pamungkas inggih puniko penutup, monggo kito sareng-sareng tutup kanthi waosan hamdalah (Alhamdulillahirobbil’alamiin). Saking kawulo mbok bilih wonten klenta klentunipun saking atur, saha kirang trapsilaning atur, purwa, madya, wasana, kawula nyuwun agunging samudra pangaksami.
اخير الكلام و بالله التوفيق والهداية ثم السلام عليكم و رحمة الله و بركاته
sumber : berbagai sumber

Tidak ada komentar:

Posting Komentar